______________________
*Ning jero kelas Bu guru lagi mulang boso Jowo*
Bu Guru : "Murid- murid... kewan opo sing huruf awale.. *J* "
Murid murid meneng kabeh..
terus *Peno* ngacung :
Peno : *"JARAN, bu guru.."*
Bu guru : *"Pinteeeerrr.. kowe No"*
Bu guru : "Jajal saiki kewan opo sing huruf awale *N*..."
*Peno* nyahut maneh: *" NIKU JARAN, bu guru..."*
Bu guru : " *No kowe maju ngadeg ning ngarep kelas...."*
*Peno* maju, diukum ning ngarep kelas..
Bu guru : "Trus maneh yo.., kewan opo sing huruf awale *K* "
Murid murid meneng kabeh ..
*Peno* ngomong lirih.. : *"KOYOK'E JARAN.."*
Murid murid ngguyu cekikik'an sebagian ngakak...
Bu guru jengkel : *"No...metuo ning njobo kelas kono !!.."*
Akhire sak kelas anteng meneng.
Bu guru : "Ayo diterusno meneh yo.., kewan opo sing huruf awale... *R*.."
*Peno* Nglongok soko njobo cendelo : *"ROMBONGAN JARAN.... Bu guru !!! "*
*_Wiiinggggggggg.....!!! ... Cethoook_*
penghapus mabur keno bathuk'e *Peno*...
Bu Guru : "Terusno maneh yo anak-anak, kewan opo sing jenenge diawali soko huruf *G* ?"
*Peno* njawab karo bengok-bengok soko ngisor cagak gendero :
*"GENAH JARAN kok.... iseh takon wae...!!!".*
Bu guru metu langsung malangkeriiik karo mendelik koyok walang kekek...
Bu guru mlebu maneh nang kelas " *Kewan opo sing hurup awale... *M* ?
*Peno* Karo ngakak
jwb *Manuk'e jaran buuu.....!!!*
*"Bu Gurune stress, ngguyu dewe”*
.....
*Peno diskores seminggu gk oleh mlebu sekolah*
◆ Bu Gurune ngamukan......
*tapi isih guyu kemekel*
(Udah, baca bolak balik ajaa ben rak spaneng)