*"KAGÊM PORO ADIYUSWO"*
*Poro ADIYUSWO supoyo uripé lêstari prayogo lan raharjo kudu nginggati : '4' (papat) NG :*
*1. Ojo Nganggur..'*
~ Sênadyan wis tuwo prayogané têtêp nindakaké pakaryan.. opo waé.. thak-thik thak-thik ono gawéyan lan ono kêgiatan. Bab iki supoyo pikiran ya mlaku têrus.. marak'ké ora gampang pikun. Déné ragané yo isih têtêp biso diobahaké ora lêmês lan ora kaku.
*2. Ojo Ngoyo..'.*
~ Tegês'sé :
makaryo ya makaryo, nanging sabisané.. sakuwaté.. sakpénaké.. sacukupé. Kudu éling yèn piyé-piyé awaké wis lungsé.. wis ora kuwat koyo naliko enom. Sa kuwat-kuwat'té manungso... Opo manèh wis Adiyuswo mêsthi ono watês'sé. Mulo ojo ngoyo anggoné makaryo.... uga yèn olah raga uga samadyo waé.. yèn wis kroso sayah kudu lèrèn.. bèn jantungé ora kabotan.
*3. Ojo Nglokro..'.*
~ Sênadyan uwis tuwo... nanging ojo nganti nglokro.. rumangsa wis ora kuwat.. wis ora murwat.. wis ora kanggo lan wis loyo.. Sênadyan wis tuwo nanging mêsthi isih piguno :
- piwulangé..
- pêngalamané..
- suwuk- sêmburé..
- pangêstuné.
Mulo kudu têtêp sêmangat.. têtêp dadi berkah.. nganti puputing yuswo.
*4. Ojo NGêmpêt..'.*
~ Têgês'sé :
- ojo sênêng ngêndêm roso sing ora bêcik kayoto :
- gampang nêsu..
- gampang sêrik..
- gampang mèri.
Kabèh roso-pangroso kudu diudhari kanthi jlèntrèh nanging sarèh lan sumèlèh.
Supoyo sarono mêngkono ati ora têrtêkan lan pikiran ugo ora strèss.
*Prayogané atiné poro Adiyuswa kuwi ngêtrêpno '3' (têlu) L :*
*1. LILO..'*
~ Yo'iku ikhlas ing sêmbarang prakoro :
- yèn nindak'ké pakaryan..
- yèn wèwèh..
- yèn nulungi liyan..
Kabèh kuwi kudu kanthi ati kang ikhlas.. *sêpi ing pamrih kapêntinganing pribadi.*
*2. LÊGO..'.*
~ Têges'sé :
- atiné kudu jêmbar.. bisa nompo prakoro opo waé.. dadiné ya ora gampang nlongso utawa sêrik.. nanging gampang lilih.
*3. LEGAWA..'*
~ Teges'sé :
- bisa nampani kahanan kang tumomo marang awaké dhéwé.
- narimo ing pandum.. lan tansah ngucap sukur tumrap sa pêparingé Gusti kang Maha Agung.
*Mengkono poro sêdulur.. utamané poro konco kang wis podo Adiyuswo, Sêmono atur sapala kagêm poro jêngandiko*.
*Mugo-mugo migunani..*
( *nuwun* )