Forum Vespa Indonesia
Would you like to react to this message? Create an account in a few clicks or log in to continue.

Forum Vespa Indonesia

Indahnya saling berbagi informasi antar Vespa mania Indonesia
 
IndeksPortalLatest imagesPendaftaranLogin

Share
 

 Ojo Lali Mantuk

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Go down 
PengirimMessage
mumu
mumu


Jumlah posting : 3819
Join date : 23.08.11
Lokasi : Jakarta

Ojo Lali Mantuk Empty
PostSubyek: Ojo Lali Mantuk   Ojo Lali Mantuk Empty9th May 2019, 09:21

Oot mbah.
Ojo lali mantuk

Nduk... Lhe...
Lebaran iki kowe mulih yo....
Aku karo bapakmu kangen...

Nduk... Lhe...
Putuku saiki wis iso ngopo?...
Wingi kowe ngirim fotone lewat hapene tonggo samping omah...
Lemu yo...
Pipine koyo bakpau..

Aku pengin nggendong anakmu lhe...
Pengin tak jak mlaku nang dalan ndeso...
Ben wong ngerti, anak putuku yo mulih...
Ben wong ngerti nak anakku ora mung ngirim duit tok,
neng gelem ngiliki wong tuone...

Lhe... Nduk...
Kowe ko lebaran mantuko,
tak dolke wedus nggo sangu kowe ko balik nang perantauanmu...
Gedang sak lirang nang mburi omah kenek go gawe kolak ko nak bakdo...

Lhe... Nduk...
Aku pengin masakke kupat kowe...
Mbelih pitik go sayure...
Bakdo 2 tahun iki, aku mung iso nyawang kupat sayur nang mejo lhe...
Mung tonggo-tonggo cedak sing gelem nyicipi...

Nduk... Lhe...
Aku pengin dolanan nang latar karo anakmu sing gede...
Jagongan karo kowe nang ngemper omah... Jagongan karo mantuku...
mung pengin ngomong karo mantuku, matur nuwun wis njogo anakku,
ngopeni putuku...

Nduk... Lhe...
Kangen tarwih karo kowe...
Mbiyen, pas kowe cilik, tak gendong mangkat nang mesjid...
Kowe seneng nak enthuk jaburan criping... Bagianku tak wenehke kowe karo adimu...

Nduk... lhe...
Malem takbir, aku pengin nguripke oncor nang ngarep omah karo kowe...
Nonton putu-putuku nguripke kembang api karo gegojekan...

Lhe... nduk...
Bakdho mulih yo...
Sak durunge Gusti kang murbeng dumadi mundut wong tuomu iki...

Lhe... Nduk...
Mantuk yo..


WONG TUOMU..
Kembali Ke Atas Go down
 

Ojo Lali Mantuk

Topik sebelumnya Topik selanjutnya Kembali Ke Atas 
Halaman 1 dari 1

Permissions in this forum:Anda tidak dapat menjawab topik
Forum Vespa Indonesia :: NEWS FORUM VESPA INDONESIA-